Lirik Lagu Tego - Nella Kharisma

Lirik Lagu Tego - Nella Kharisma


Judul Lagu : Tego
Ciptaan : -
Penyanyi : Nella Kharisma
Genre : Dangdut

Lirik Tego - Nella Kharisma


Loro atiku loro
Rasane nganti tembus ning dodo
Tego pacarku tego
Ninggalke aku sing kebacut tresno

Ngopo kowe tego gawe atiku loro
Ninggalke awakku dinggo wedokan liyo
Opo tresno iki isih kurang bukti
Kabeh tak turuti nanging kowe ra tau ngerteni

Roso sayang iki sing ono ning ati
Tak jogo selawase nganti tekane mati
Nanging kowe tego tresnoku mbok blenjani
Agawe bubrah atiku ra biso nyanding sliramu

Kowe tak tresnani
Nanging kowe tego mblenjani janji
Gawe aku nelongso
Mergo kebacut tresno

Sak tenane atiku loro
Tresnoku kan tetap tak jogo

Loro atiku loro
Rasane nganti tembus ning dodo
Tego pacarku tego
Ninggalke aku sing kebacut tresno

Ra nyono kowe tego ninggal aku
Opo salahku kowe nglarani atiku

Opo lanangan saiki amung seneng bondo
Opo lanangan saiki ora butuh tresno
Opo lanangan saiki gampang keno gudo
Opo lanangan saiki ora ono sing setyo

Bu joba jabu telek asu
Lanangan koyo kowe kuwi akeh tunggale
Ojo ngroso bagus mung atimu pabu
Tak dongakne kowe dadi joko tuwo sing ora bakal payu

Lanangan sing apik kuwi pancen angel nggolek'e
Jaman saiki gelem nompo pas ono butuhe
Opo mergo aku kalah kandel isi dompete
Tresnoku kanggo sliramu amung tok prei ke

Kowe tak tresnani
Nanging kowe tego mblenjani janji
Gawe aku nelongso
Mergo kebacut tresno

Sak tenane atiku loro
Tresnoku kan tetap tak jogo

Loro atiku loro
Rasane nganti tembus ning dodo
Tego pacarku tego
Ninggalke aku sing kebacut tresno

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.