Lirik Lagu Ilang Tresno - LSista x Gendhut Gilaz


Lirik LSista feat Gendhut Gilaz - Ilang Tresno


Title : Ilang Tresno
Artist : LSista & Gendhut Gilaz
Songwriter : Gendhut Gilaz
Label : PT Musik Proaktif Jakarta (LSista)

Lirik Ilang Tresno


udan bengi iki nambah lara ning ati
uwong sing tak tresnani ninggalke janji suci
jane opo salahku kowe tego ninggal aku
gawe ajur rosoku

sinare rembulan koyo melu kelaran
cahyane uwis mati ra sumunar koyo dek wingi
nalika kowe lan aku iseh bareng dadi siji
bareng njogo tresno suci

tulung jelasno salahku yen aku sing kleru
mergo ati iki ra biso kelangan tresnomu
kadung jero
roso tresno iki

janjimu mbiyen kowe bakal tulus ngancani
jaremu kowe nresnani aku tekan mati
neng nyatane saiki kowe ninggal janji
gawe tatu ning ati

#rapp
awal ketemu kowe biso gawe ayem atiku
itungan seminggu kowe agawe tentrem rosoku
kowe banjur kondo yen kowe nresnani aku
nanging muspro saiki kowe ninggalke aku

nyuwun pangapuro aku wis ngapusi kowe
aku njaluk kabeh iki iso tak lilakke
sak jujure kawit awal awak dewe kenal
atiku durung lungo seko tresno sing sakdurunge

bingung ati iki kudu milih sing endi
jujur sak jroning ati ra biso tak apusi
saiki dekne bali neng njero urip iki
gawe goyah ati iki

pancen wis tak coba ndandani kabeh crito
nanging rosoku iki ilang muspro sio sio
pas dek'e balik teko bali ning uripku iki
kowe kudu tak larani

mungkin kabeh iki pancen wes dalane gusti
senadyan loro nanging tak cobo legowo ati
bakal tak ikhlaske kowe bahagia ro dek'ne
ora bakal tak gondeli kabeh pilihanmu iki

aku sadar diri aku mung nglarani kowe
wis cukup semene lakune dalan critane
aku amung biso ndongo marang sing kuoso
mugo kowe urip mulyo nemokke tresno sing liyo

ngapurane aku pancene aku sing kleru
mergo aku wis mbuko ati kanggo sliramu
jroning dodo
iseh ono tresno liyo

janjimu mbiyen kowe bakal tulus ngancani
jaremu kowe nresnani aku tekan mati
neng nyatane saiki kowe ninggal janji
gawe tatu ning ati

Baca Juga : Lirik Lagu Konco Musiman - LSista

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.