Lirik Lagu Dalan Kenangan Lereng Lawu - Hauwin Aldiva


Lirik Hauwin Aldiva - Dalan Kenangan Lereng Lawu


Title : Dalan Kenangan Lereng Lawu
Artist : Hauwin Aldiva
Songwriter : Unang Gangsar
Label : SBR - PRO

Lirik Dalan Kenangan Lereng Lawu


dalan tembus tawangmangu tekan sarangan
dalan iku kang pantes dadi kenangan
akeh kabut howone kroso adem tenan
rangkulan keket naliko bareng boncengan

endahe candi cetho
kulone gunung lawu
munggah neng kono
tak gandeng tanganmu

adus banyu sendang
sak nduwure candi iku
tak gadang gadang
urip iso tentrem sanding sliramu

umbul jambe ing tlatah alas ketonggo
neng kono kae sliramu nate prasetyo
kretek gantung ono ing nduwur kali
atiku bingung bungahmu ra iso tak gondeli

gedene watu ing karang gupito
tak tunggu tekamu bali ning ndeso
neng kamar iki mung bantal lan guling
rasane ati aku mung tansah eling

dalan tembus tawangmangu tekan sarangan
dalan iku kang pantes dadi kenangan
akeh kabut howone kroso adem tenan
rangkulan keket naliko bareng boncengan

===INTRO===

endahe candi cetho kulone gunung lawu
munggah neng kono tak gandeng tanganmu
adus banyu sendang sak nduwure candi iku
tak gadang gadang urip iso tentrem sanding sliramu

umbul jambe ing tlatah alas ketonggo
neng kono kae sliramu nate prasetyo
kretek gantung ono ing nduwur kali
atiku bingung bungahmu ra iso tak gondeli

gedene watu ing karang gupito
tak tunggu tekamu bali ning ndeso
neng kamar iki mung bantal lan guling
rasane ati aku mung tansah eling
rasane ati aku mung tansah eling

Baca Juga : Lirik Lagu Happy Asmara - Bagai Terwelu

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.