Lirik Lagu Soyo Tresno - Maria Punjung Feat Diah Sekarning
Berikut ini adalah lirik lagu daerah Jawa yang populer berjudul Soyo Tresno ciptaan Ki Minto Darsono dan dinyanyikan oleh Maria Punjung ft Diah Sekarning. Dokumentasi teks ini disediakan dan diterbitkan secara resmi oleh Lorok™ [jv-ID].
(Bowo)
Kepranan sakjroning ati
Rina wengi tansah goda
Pancene gede dayane
Suwe suwe saya tresna
Nganti tembus jroning dada
Saben bengi ora turu
Kelingan manik ing nala
Kaya wong kang nandang wuyung
Saben bengi hamung nglayung
Mrana mrene tansah bingung
Nganti kaya wong kang kumprung
Nyata pancen wus kepranan
Nganti ra mikirke kahanan
Bot abote nglabuhi katresnan
Waton bisa kasembadan
Pancen abot yen to nganti ra nyawang
Merga ana sing tansah di sayang
Ra mbedakne wadon opo lanang
Jroning ati mung tansah gawang gawang
Senandyan amung sedelo
Nyata bisa weh seming sesama
Mugya tansah lestariya
Hanggilut satemah anggrembaka
Music
Kaya wong kang nandang wuyung
Saben bengi hamung nglayung
Mrana mrene tansah bingung
Nganti kaya wong kang kumprung
Nyata pancen wus kepranan
Nganti ra mikirke kahanan
Bot abote nglabuhi katresnan
Waton bisa kasembadan
Pancen abot yen to nganti ra nyawang
Merga ana sing tansah di sayang
Ra mbedakne wadon opo lanang
Jroning ati mung tansah gawang gawang
Senandyan amung sedelo
Nyata bisa weh seming sesama
Mugya tansah lestariya
Hanggilut satemah anggrembaka