Lirik Lagu Wong Ndeso - Kajawi
Pancen apik tuladhane wong ndeso (Wong ndeso)
Handarbeni, hangrungkebi mbangun projo (mbangun projo)
Petruk, Gareng, Bagong (gong)
Wargone gotong royong (yong)
Limbuk Cangik bebarengan dadi becik (dadi becik)
Enom tuwo nyawiji lebur sayekti (sayekti)
Dadi bekti lan budi marang sesami (marang sesami)
Semar, Togog, Mbilung (lung)
Podho-podho tinulung (lung)
Dadi sinung kabeh podho nyengkuyung
Neng ndeso tentrem kerto raharjo
Poro wargo guyub rukun biso nerimo
Kabeh mowo coro, kudu nggawe toto
Menowo urip dewe, nyemplungo segoro
Sesepuh lan sinoman mlaku maju bebarengan
Luwih becik aman diatur gawe tatanan
Lanang wadon rukun paseduluran dibangun
Urip katon wangun yen ra pantes dadi udun
Gegayuhan ditoto kanti rembugan
Tandangi sesarengan sinambi gegojegan
Ora gampang nesuan, ojo nganti grejegan
Ngrukuni kahanan ngayahi pakaryan
Holopis kuntul baris mlaku ngarep ojo lamis
Abang ijo kuning agami dadi pepiling
Holopis kuntul baris ojo sambat ora nangis
Abang ijo kuning bumi subur ojo garing
Pancen apik tuladhane wong ndeso (Wong ndeso)
Handarbeni, hangrungkebi mbangun projo (mbangun projo)
Petruk, Gareng, Bagong (gong)
Wargone gotong royong (yong)
Limbuk Cangik bebarengan dadi becik (dadi becik)
Enom tuwo nyawiji lebur sayekti (sayekti)
Dadi bekti lan budi marang sesami (marang sesami)
Semar, Togog, Mbilung (lung)
Podho-podho tinulung (lung)
Dadi sinung kabeh podho nyengkuyung
Intro
Bocah-bocah ati seneng bebungah
Guyonan ning sawah ora lali omah
Yen ono masalah disampeni musyawarah
Timbang bacut bubrah, kudu lego manah
Yen wayah isuk ditandhani jago kluruk
Ngoceh manuk-manuk mripat melek ilang ngantuk
Semilir angin gawe pepadange bathin
Budhal menyang sabin ati syukur tetep yakin
Pancen apik tuladhane wong ndeso (Wong ndeso)
Handarbeni, hangrungkebi mbangun projo (mbangun projo)
Petruk, Gareng, Bagong (gong)
Wargone gotong royong (yong)
Limbuk Cangik bebarengan dadi becik (dadi becik)
Enom tuwo nyawiji lebur sayekti (sayekti)
Dadi bekti lan budi marang sesami (marang sesami)
Semar, Togog, Mbilung (lung)
Podho-podho tinulung (lung)
Dadi sinung kabeh podho nyengkuyung
Pancen apik tuladhane wong ndeso (Wong ndeso)
Handarbeni, hangrungkebi mbangun projo (mbangun projo)
Petruk, Gareng, Bagong (gong)
Wargone gotong royong (yong)
Limbuk Cangik bebarengan dadi becik (dadi becik)
Enom tuwo nyawiji lebur sayekti (sayekti)
Dadi bekti lan budi marang sesami (marang sesami)
Semar, Togog, Mbilung (lung)
Podho-podho tinulung (lung)
Dadi sinung kabeh podho nyengkuyung
Credits:
Judul : Wong Ndeso
Artis : Kajawi
Cipt : Andry Deblenk
Arr : Andry Deblenk & Yusuf Mahardian