Lirik Lagu Samudro Pangapuro - Kemput STS

Bapak lan ibu mugo panjang yuswomu
Mugi mugi sehat selalu
Kabeh penjalokku ra eling wayah wektu
Tanpo mikir bau lan awakmu
Nganti remuk jiwo lan rogomu
Nganti netes eluh ning pipimu

Tangis batinmu mergo tingkah polahku
Sing selalu nggawe wirange jenengmu
Kabeh pituturmu ora tau tak gugu
Malah nggawe gelane atimu
Duh bapak tulung trimo tangisku
Duh ibu ngapuntene saestu

Reff:

Pak aku anakmu
Biyen nggawe susah uripmu
Nganti semene gedhene umurku
Durung iso mulyakno uripmu

Buk iki anakmu
Biyen mok dulang mok tuntun mlaku
Durung ono sak tetese banyu
Nggonku mbales dudoh susumu

#Credits:

Judul : Samudro Pangapuro
Artis : Kemput STS
Cipt : Nur Mahfudz (Kemput STS)

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.