Lirik Lagu Sumandhing - Wahyu F Giri

Sineksen mbulan kekencar ing ratri
Nggurit jagad bareng klawan si reki
Sayang ..
Natah bungah ngrengga tresna nyandhing sliramu
Eman ..
Kenya manis sesotyaku

Lara lapa tansah nggandheng lan sira
Lelana wana coba nrajang godha
Nimas ..
Angugemi janji suci kang wus tinali
Yayi ..
Nyawiji tekaning pati

Sumpahing ati sayang
Tansah sandhingan
Kang kadya mimi mintuna
Setyeng katresnan

Pujanku sayang
Manggih klanggengan
Mrih bisa kasembadan
Antuk jatining kasetyan

#Credits:

Judul : Sumandhing
Voc : Wahyu F Giri
Cipt : Wahyu F Giri
Arr : Hadis Nurwahid

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.