Lirik Lagu Sepi Iki - Lala Atila
Adhem wengi ngrengkuh ati
Sepi iki ngiwi iwi
Miyak janji sing wus kawuri
Prasetya bareng tumekeng pati
Laku tresna wolung warsa
Pegat rasa tanpa daya
Dudu karep krenteg pribadi
Garis pesthi datan nyawiji
Sapungkure lakon iki
Anggepen aku kanca
Nadyan gunggunge rasa
Tan prabeda
Sapungkure lakon iki
Anggepen aku mitra
Netepi laku darma
Kang utama
#Credits:
Judul : Sepi Iki
Voc : Lala Atila
Cipt : Toying Harwulan
Arr : Ays Musik