Lirik Lagu Sasi Pasa - Kajawi

Berikut ini adalah lirik lagu daerah Jawa yang populer berjudul Sasi Pasa ciptaan Andry Deblenk dan dinyanyikan oleh Kajawi. Dokumentasi teks ini disediakan dan diterbitkan secara resmi oleh Lorok™ [jv-ID].

Yo ayo iki mlebu wulan poso
Poro menungso mulai toto toto
Noto manah noto jiwo mepeg durangkoro
Kudu luwih apik adoh tumindak olo

Jare Sengkuni niat belajar ngaji
Pingin uripe iso ayem migunani
Sengkuni pingin cedak karo Gusti
Sengkuni srei dengki kudu mari

Dursasono prei ndugal mbok menowo
Mlebu sasi poso kudu dadi tulodho
Karaoke judi mbabon leren sakwetoro
Senajan rekoso nanging niat kudu ono

Nyawang kahanan Bismone tambah ayem
Begawan Durno ati seneng mesam mesem
Durmogati stel kendo mlaku kalem
Citraksi leren mendhem jo digunem

Wis wancine sasi Romadon wayahe poso
(yen niat yo ngempeto)
Jare simbah demit demite dibondo
(dicemplungne segoro)
Wis wayahe tumindak becik ora sembrono
(sembahyange dijogo)
Apik sakbendino tekan poso ngarep teko

Wektu sewulan cen apik iso poso
Poso opo wae ora mung ngunjuk nedho
Belajar ngempet babahan howo songo
Tumrape menungso dadi laku kang utomo

Puntodewo tambah sabar bab agomo
Bimo lan Janoko ora kendat yen dedungo
Nakulo Sadewo noto manah olah roso
Drupadi tansah syukur mring Kuoso

Kyai Semar paring dalil ular ular
Nolo Gareng mbuka kitabe diwedar
Kyai Petruk wiridan donyane ambyar
Ustadz Bagong teko preman kampung podo bubar

Mas Togog duwe niat pingin tobat
Mas Mbilung leren mreman ojo kumat
Mbok Cangik tambah syukur ora sambat
Mbak Limbuk gawe jilbab tutup aurat

Wis wancine sasi Romadon wayahe poso
(yen niat yo ngempeto)
Jare simbah demit demite dibondo
(dicemplungne segoro)
Wis wayahe tumindak becik ora sembrono
(sembahyange dijogo)
Apik sakbendino tekan poso ngarep teko

Lailahailallah Al Malikul Haqqul Mubin
Muhammadur Rosulullah Shodiqul Wa’dil Amin
Gusti Allah sejatine Pangeran kulo
Nabi Muhammad iku panutan kulo
Nabi Muhammad iku panutan kulo

Tentang

Judul
Sasi Pasa
Artis
Kajawi
Ciptaan
Andry Deblenk
Arranger
Andry Deblenk, Yusuf Mahardian
Dirilis
2026
Bahasa
Jawa
Sumber Teks
Lorok™
Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.