Lirik Lagu Sareh (Sabar Lan Semeleh) - Deha Feat Ayongrisma
Sepurone yen aku durung iso sayang
Nuruti opo sing dadi kepinginanmu
Yen durung saiki mungkin mbesuk aku iso
Nyenengke ati nuruti kekarepanmu
Ora popo sayangku yen durung saiki
Aku bakal nerimo sabar ngenteni
Prosesmu bakal tak kancani nganti kowe iso
Tak rewangi ben wengi nganggo dungo
Mugi awak dewe iso tetep nyawiji
Bebarengan ngukir crito tekan mbesuk tuwo
Hoo oo aku percoyo
Kerjo kerasmu ra bakal sio sio
Percoyo wae
Gusti bakal maringi dalan penake
Matur suwun sayang
Kowe wis berjuang kanggo aku
Tak usahake opo kekarepanmu
Tresnoku tenanan percoyo o sayangku
Janji sumpah sehidup semati bakal dilakoni
Ora mung kemecap ono ing lathi
#Credits:
Judul : Sareh (Sabar Lan Semeleh)
Voc : Deha ft. Ayongrisma
Cipt : Deny Hidayat
Arr : Restu Alfi