Lirik Lagu Tak Kancani - Ndarboy Genk Feat Fauzi Haidi
Susahmu ngguyumu
Tangismu tak kancani
Sepimu petengmu
Loromu tak tambani
Tak gandeng tanganmu
Yen tibo rangkulen aku
Ora ono menungso sing sempurno
Kurang lan luwihe kudu ditompo
Sing kuat sing kuat
Bakoh mboten pareng sambat
Sing penting madep mantep manut pusat
Garise urip kui dewe dewe
Bedo nasib bedo dalan uripe
Elingo elingo
Dewe roh langit sing podo
Ojo dibedo bedo ojo ngino
Kadang disepeleke
Loro ati rasane
Tetep dadi wong apik
Ojo ngamuk ojo serik
Urip sing penting bersyukur
Kabeh wis ono sing ngatur
Ngetutke alur
Ojo nyerah ojo mundur
Susah seneng nibo tangi
Kabeh kudu dilakoni
Percoyo gusti
Mesti ono sing ngancani
#Credits:
Judul : Tak Kancani
Voc : Ndarboy Genk ft. Fauzi Haidi
Cipt : Helarius Daru Indrajaya & Hendra Kumbara
Arr : Eka Bagus Irmadha