Lirik Lagu Sekar Kapang - Rinvi Ananda
Sunare rembulan wengi
Ngelingake sliramu pujaning ati
Angin sampekno kangenku
Amung ndiko sumandhing sisihku
Pungkase sliramu lungo
Ninggal aku tanpo pamit tanpo warto
Uripku keronto ronto
Jroning batinku mung tansah nelongso
Tak titipke layang rindu
Tembang iki tak tulis kanggo sliramu
Rino kelawan wengi
Amung tansah kegowo ing ngimpi
Opo sliramu ra kroso
Pandongaku mugo ketekan sedyaku
#Credits:
Judul : Sekar Kapang
Voc : Rinvi Ananda
Cipt : Kusuma Wardani (Fero)
Arr : Laras Jawa