Lirik Lagu Pulung - Nopek Novian Feat GTA Band
Soyo gede lagi kroso abote golek arto
Direwangi jungkir walik kerjo totoan nyowo
Sampek kapan uripku dingo idek idekan
Pingin come back malik keadaan
Ngalor ngidul turut ndalan golek panguripan
Nandur terus mboten ngertos bakal uwohe kapan
Mugi gusti pangeran enggal maringi dalan
Ben nasibku pinaringan kabegjan
Reff:
Opo mungkin sing gak mungkin dadi mungkin
Opo isoh sing khayal dadi kenyataan
Urip pisan anane mung dipulosoro
Karo rojo dadakan
Arep nyerah kesatria kok lemah
Senajan susah tetep kudu macak gagah
Ati pitik balung gajah
Wani disik ojo wedi kalah
#Music
Mboten muluk muluk pingin sugih pitung turunan
Gusti paringi rejeki deres koyo udan
Jalur langit niku mboten wonten sing isoh nglawan
Kulo siap nampi pulung jackpot kehidupan
Opo mungkin sing gak mungkin dadi mungkin
Opo isoh sing khayal dadi kenyataan
Urip pisan anane mung dipulosoro
Karo rojo dadakan
Arep nyerah kesatria kok lemah
Senajan susah tetep kudu macak gagah
Ati pitik balung gajah
Wani disik ojo wedi kalah
Ati pitik balung gajah
Wani disik kersaning barokah
#Credits:
Judul : Pulung
Voc : Nopek Novian
Cipt : Nopek Novian X GTA Band
Arr : Affandi Bisri