Lirik Lagu Menteri Durmagati - Kajawi HipHop

Durmagati apel isuk
Disambut abdi mantuk mantuk
Sirah nggliyeng setengah mabuk
Pidatone rodok umuk
Kita ini pejabat maka harus amanat
Berjuang demi rakyat
Ayo semangat
(ayo semangat)

Tunjukkan kita kuat
Punya hati ada niat
Ada tekad tahu bulat
Ayo berbuat
(kabeh gawe ragat)

Sengkuni paring warta
Dana buto proyek negara
Kabeh kudu iso nanging ojo sembrono
Ola saitik penting ora ketoro

Iki proyek gedhi
Nanging ojo nganti lali
Turahane dikantongi
Paman dibagehi
(sengkuni nagih janji yen gagal dikeplaki)

Meeting bengi bengi
Poro poro mabuk whiski
Bancakan ingkung sing gedi
Semuanya hepi
(karo gadis seksi si limbuk angelasari)

Durmagati dadi menteri
Noto proyek nggo pribadi
Penting dadi kudu bathi
(tuku ferarri)
Lsm e disangoni
Anggaran kudu setiti
Mlebu kantong metu mburi
(iki sing digoleki)

Infrastruktur sokor dadi
Kualitas ra peduli
Penting rakyat ora ngerti
(harap dimaklumi)

Pencitraan nomer siji
Aktif medsos pasang aksi
Macak melas wani rugi
(yo mes no ti ti)

Durmagati pasang kata motivasi
Dadi aparat kudu iso migunani

#Intro

Durmogati sidak proyek
Ngakep cerutu nggandeng cewek
Parfum wangi mambu kelek
Konten sibuk kudu enek
Nyekel cetok noto boto
Etok etok macak iso
Katon prigel ning ra ceto
Ora rumongso
(elek rapopo)

Dulur kabeh penting oleh
Sanak kadang kudu madhang
Konco kentel dadi kandel
Kabeh dicekel
(polisine cutel)

Proyek sampe iso holidey
Wus ra nggagas mutu bangunane
Dana separo mlebu kantonge
Kari ngatur gampang ngentekne
Yen dadi aparat opo maneh duwe pangkat
Kabeh kabeh disikat urip iku nikmat
(ah bodo amat)

Kembang tebu cokot asu
Yen ra mlebu dadi kuru
Sugih bondho awak lemu
Ojo ditiru
(mung iso ngguyu)

Durmagati dadi menteri
Noto proyek nggo pribadi
Penting dadi kudu bathi
(tuku ferarri)
Lsm e disangoni
Anggaran kudu setiti
Mlebu kantong metu mburi
(iki sing digoleki)

Infrastruktur sokor dadi
Kualitas ra peduli
Penting rakyat ora ngerti
(harap dimaklumi)

Pencitraan nomer siji
Aktif medsos pasang aksi
Macak melas wani rugi
(yo mes no ti ti)

Durmagati pasang kata motivasi
Dadi aparat kudu iso migunani

#Credits:

Judul : Menteri Durmagati
Voc & Rap : Anindya Fitriana, Andry Deblenk, Wisnu Mamen
Cipt : Andry Deblenk
Arr : Andry Deblenk & Yusuf Mahardian

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.