Lirik Lagu Simpang Dalan - Denik Armila

Akhire mandeg semene
Lakon riko lan isun iki
Sing biso gandengan tangan maning
Kepokso kudu pisahan eman

Ring simpang dalan iki
Pungkasan sun meluk riko
Nelongso lan abot ring ati
Deredesan eloh noring pipi

Telung taun melaku bareng
Ngeliwati susah lan seneng
Angen angen nyanding selawase
Nyatane kandas mong gadug semene

Kelendi barang saikine
Yo wis bedo kekarepane
Kembang kelor kembang sentul
Riko ngalor isun ngidul

Tapi ojo dadi susahe
Orip iki wis ono pastine
Kembang suruh kembang kemuning
Kadung wis jodoh mesti kelakon nyanding

#Credits:

Judul : Simpang Dalan
Voc : Denik Armila
Cipt : Sinar Lintang & Adi Bolo
Arr : Nanang Qosim

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.