Lirik Lagu Puspa Wengis - Aldi Pangestu
Endahe parasmu yayi
Yekti tan ono tandhinge
Hangembo dewi kang tumurun
Lir thathit candrane
Yekti tumiyung rasaku
Hanandhang wuyung mring sliramu
Wanodyo dadi pepujanku
Aku gandrung sliramu
Reff:
Nanging pranyoto sulistyo
Parasmu jebul amung ngemu wiso
Oncat ajur atiku kalis tresnaku
Tak larung ing telogo wurung
Nanging pranyoto sulistyo
Parasmu jebul amung ngemu wiso
Ndiko jebul mung lamis
Aku kang lalis kanyut puspo wengis
#Credits:
Judul : Puspa Wengis
Voc : Aldi Pangestu
Cipt : Aldi Pangestu
Arr : Iswan Cungkring One B Studio