Lirik Lagu Ora Goyah - Arsy Band Feat Putri Andien
Ora nyongko saiki dewe isih dadi siji
Kahanan iki abot dilakoni
Nanging roso sayangku ora bakal goyah
Tak upayakke nggo bahagiamu sayang
Matursuwun wes gemati sak bendinane
Sampun berjuang tekan semene
Bakal tak kancani prosesmu saiki
Susah seneng bakal tak dampingi
Saling nguatke
Saling ngelingke
Sak tujuane
Masio banter godaane
Ora tak getuni
Ora tak sambati
Tetep dadi siji tresno tekane mati
Ora goyah senajan kahanane lagi susah
Tresno iki tulus sak jeroning ati
Kanggo awakmu seng paling tak tresnani
Jogo atimu tak jogo atiku
Kanggo awak dewe
Matursuwun wes ngancani aku
(demi sliramu sayang)
Susahmu yo dadi susahku
Tak upayakke saben lakumu
(aku ra bakal lungo)
Seko niat ati sesarengan dadi siji
#Credits:
Judul : Ora Goyah
Voc : Arsy Band ft. Putri Andien
Cipt : Ardi - Randu
Arr : Arsy Band - Fajar