Lirik Lagu Wong Liyo Ngerti Opo - Imogiri Boys
Yeah
This is Imogiri Boys
Sing ora ngelakoni
Ora bakal ngerti
Wong liyo ngerti opo
Wong liyo ngerti opo tentang aku (rasah sok tau)
Iki uripku sing ngelakoni aku
Susah nggo dewe seneng jarang ngrasakke
Mung macak bakoh ben ketok kuate
Wong liyo ngerti opo tentang aku (rasah sok tau)
Apik elekku tok pandang sebelah matamu
Bedo ro koe sing akeh warisane
Sedangkan aku ki mung golek dewe
Nek ra reti tulung rasah cangkeman
Gosip kono kene koe golek perhatian
Haus validasi niatmu golek rai
Urip udu kompetisi aku ra pengen nyaingi
Aku anak broken home wong tuo ora akur
Tapi tetep bersyukur senajan uripku ajur
Kebacut lair lanang masalah tak adepi
Teteg ngadek jejek keluarga nomer siji
Aku ra ngurus nek ameh mbok rasani
Uwis kemaki gawan bayi
Wong liyo ngerti opo tentang aku (rasah sok tau)
Iki uripku sing ngelakoni aku
Susah nggo dewe seneng jarang ngrasakke
Mung macak bakoh ben ketok kuate
Wong liyo ngerti opo tentang aku (rasah sok tau)
Apik elekku tok pandang sebelah matamu
Bedo ro koe sing akeh warisane
Sedangkan aku ki mung golek dewe
Aku koe bedo blas raono sing podo
Aku wong ora nduwe koe ngandelke wong tuo
Modal nesu mancal lawang dituruti perumahan
Bedo karo aku kudu nyambut gawe tekan jepang
Beban keluarga tak tanggung pendak sasi
Kirim duit dinggo kebutuhan pendak tanggal siji
Cuma modal bismillah lelahku menjadi lilah
Uripku kebak fitnah tapi alhamdulillah
Aku ra ngurus nek ameh mbok rasani
Uwis kemaki gawan bayi
Wong liyo ngerti opo tentang aku (rasah sok tau)
Iki uripku sing ngelakoni aku
Susah nggo dewe seneng jarang ngrasakke
Mung macak bakoh ben ketok kuate
Wong liyo ngerti opo tentang aku (rasah sok tau)
Apik elekku tok pandang sebelah matamu
Bedo ro koe sing akeh warisane
Sedangkan aku ki mung golek dewe
Sedangkan aku ki mung golek dewe