Lirik Lagu Sangsine Pesthi - Setyo Puji Antoro

Umpomo ono druwang
Sik ambane sak awang awang
Koyo tan biso cukup
Tinulis endahmu sayang

Kang netro ibarat warasthro
Ngamboro mring antarikso
Tembus sak jroning nolo
Dadi prawitane tresno

Raono pungkase
Ngastuti marang slirane
Amergo kadhung kesandung
Rasaku marang dharmane

Nanging kuwi
Namung dadi pangangenanku
Baline rasamu
Ra biso ngimbangi rasaku

Koyo ngene bingung atine
Ngantepi rasaku nyelaki pesthiku
Nanging aku banget tresno sliramu
Senadyane kui namung semu

#Music

Opo sik mbok sawang
Amung drusthane waktraku
Tanpo nyobo rinoso
Mandrane tulus tresnaku

Koyo wes ra kurang kurang
Nggonku ngupayakne katresnan
Sakehing pepalang tak trajang
Datan biso nuwuhne kabagyan

Nanging kuwi
Namung dadi pangangenanku
Baline rasamu
Ra biso ngimbangi rasaku

Koyo ngene bingung atine
Ngantepi rasaku nyelaki pesthiku
Nanging aku banget tresno sliramu
Senadyane kui namung semu

#Music

Opo sik mbok sawang
Amung drusthane waktraku
Tanpo nyobo rinoso
Mandrane tulus tresnaku

Koyo wes ra kurang kurang
Nggonku ngupayakne katresnan
Sakehing pepalang tak trajang
Datan biso nuwuhne kabagyan

Mben dinane nandhang duhkito
Amung mergo prekoro asmoro
Nadyan ngupoyo nganti wutahe ludiro
Yen dudu pesthine pakantuke rapuhing ndriyo

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.