Lirik Lagu Piningit - Akbar Handoko (Toying Harwulan)

Pasrah sumarah
Kapiji minongko wadhah
Si bocah angon
Kamomong ki sabdo palon

Mumpuni sakehing kawruh
Angesthi sedoyo dhawuh
Ageman budi suci
Kang wus manjing sabdo janji dadi

Laku lakon sinandhang
Pacoban krenah lan wirang
Lilo legowo
Ing ngarso anilo broto

Gegujeng trisulo wedho
Amadhangi jagat royo
Wengi pindho kartiko
Apan rino kadyo bagaskoro

Mberat angkoro murko
Anteng nuduhke deleng
Rep sirep pageblug
Sirno leloro lan memolo

Welasih mring kawulo
Gyo samyo ayem tentrem
Rip urup arupi
Memayu hayuning bawono

#Music

Lamun wanci ing titi
Tibo wayah mongso kolo
Ono dewo ngejowantah
Sri kresno pasuryaniro

Satrio pinandhito
Sinisihan pulung wahyu
Datan biso suwolo
Anetepi jongko nuswantoro

Mberat angkoro murko
Anteng nuduhke deleng
Rep sirep pageblug
Sirno leloro lan memolo

Welasih mring kawulo
Gyo samyo ayem tentrem
Rip urup arupi
Memayu hayuning bawono

Mberat angkoro murko
Anteng nuduhke deleng
Rep sirep pageblug
Sirno leloro lan memolo

Welasih mring kawulo
Gyo samyo ayem tentrem
Rip urup arupi
Memayu hayuning bawono

Wingit lungit piningit

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.