Lirik Lagu Wong Bodho - Vole Feat Slamet (Risang Gotho)
Sepi ing wengi iki
Suwung ing ati
Kathah ing pacoban
Ra ngilangke roso katresnan
Sedyaku lan tresnamu
Kang tulus suci
Pinalang segoro
Senadyan gusti yo mung siji
Angin sasi catur nglebur
Ing janji kang kasedyo
Jawah tumurun mbusak
Crito endah rikolo semono
Aku wong bodho ora pekanan
Ndableg turu ora wayahan
Nanging aku nduweni katresnan
Abadi tekan akhire zaman
Cah ayu rungokno tembangku
Aku lan kowe ibarat wayang
Dilakoni kanthi ikhlas ati
Mugo antuk restuning gusti