Lirik Lagu Wijining Tresna - Galih Prastya Feat Ilham Annas
Ingsun tansah karoso kangen
Marang siro ingkang sun remen
Esemmu kang manis tansah ginawe ayem
Bungah sun nyandhang wewuyung
Sumebyare lintang kang mahesi wengi
Ngilengke marang siro duh yayi
Ugi rembulan melu nyekseni
Roso kangene ati
Wong ayu mbok ojo sumelang
Jujur mung siro kang tansah sun sayang
Asmo endahmu sun ukir sak jroning lathi
Tresnoku kang sawiji
Lamlaman esemmu wong ayu
Kang tansah sumandhing ono kalbu
Wong ayu tulung rekso roso atimu
Dadyo lelabuh tresnaku
Liwat ono sumilir angin wengi
Tak titipke layang kangen rosone ati
Siro sun angen angen rino lan wengi
Mugiyo langgeng tumeko pati
Wong ayu mbok ojo sumelang
Jujur mung siro kang tansah sun sayang
Asmo endahmu sun ukir sak jroning lathi
Tresnoku kang sawiji
Yen tak sawang cahyane rembulan
Kang endah naliko sinawang
Siro sing tak eman eman
Saben dino sun gadang
Mugiyo biso bebarengan
Wawuyung ing prono hangroso bahagio
Naliko siro peparing warto
Sun bakal rumekso mring kahanan tresno
Ngen kangenku amung mring handiko
Wong ayu mbok ojo sumelang
Jujur mung siro kang tansah sun sayang
Asmo endahmu sun ukir sak jroning lathi
Tresnoku kang sawiji
Wong ayu mbok ojo sumelang
Jujur mung siro kang tansah sun sayang
Asmo endahmu sun ukir sak jroning lathi
Tresnoku kang sawiji
Yo mung siro wong kang sun tresnani