Lirik Lagu Nagih Janji - Intan Mandasari Feat Arya Satria

Kelingan rikolo urip bebarengan
Bungah susah kabeh ra dadi alangan
Senadyan sedino mung mangan sepisan
Ati seneng anggone urip bebrayan

Nanging saiki uripmu uwis mulyo
Banjur lali rikolo jaman semono
Mangan enak turu penak kerjo penak
Njur lali marang aku sing ngrumat anak

Tego tenan sliramu marang awakku
Mbok tinggal lungo suwe opo dayaku
Saiki tak tagih sing dadi janjimu
Lali aku ojo lali anakmu

Anakmu saiki wis gede gede
Banjur nyuwun pirso sopo to bapake
Udan tangis atiku tambah nelongso
Ning atiku kok malah mbok sio sio

Tansah eling naliko aku pamitan
Biyen anaku isih ono gendongan
Aku nekat lungo mung golek sandang pangan
Supoyo anak bojo ora kekurangan

Nanging nyatane durung nemu urip mulyo
Aku ora lali marang keluargo
Ninggal awakmu rasane aku dosa
Nanging aku ora niat nyio nyio

Sopo sing gelem nasibe koyo ngene
Aku pingin ngrubah nasib koyo liyane
Aku wong lanang kudu sing ombo jangkahe
Panyuwunku sing gede pangapurane

Krungu kabar anakku sak iki wes gede
Mugo pinter lan bekti marang wong tuwane
Panyuwunku dungo restu pangestumu
Mugo mugo kasil kabeh panyuwunku

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.