Lirik Lagu Gadhung Mlathi - Niken Salindry

Maes tembang kapang
Kenong wur lan kendhang
Kempul wus tinabuh
Nut wiromo gambuh
Ngaras jroning tyas sworo slompret tumurun
Hanggugah wulangun mangayun ayun

Kemrisiking krepyak
Sampur kang sineblak
Rikmo ngandhan andhan
Nyongklang mbekso kepang
Sasat dewi kahyuangan nitih garudho
Maburo kusumo ing antarikso

Gadhung mlathi rinenggo mustakaniro
Tansah wicaksono anggone mulat saliro
Asesanti pujo puji nguri nguri budoyo kang edi peni
Mugyo tansah lestari ing bumi pertiwi

Gadhung melathi mring mustakaniro
Mantesi ketaman sunar sang suryo
Gadhung melathi mring mustakaniro
Mantesi ketaman sunar sang condro

Maes tembang kapang
Kenong wur lan kendhang
Kempul wus tinabuh
Nut wiromo gambuh
Ngaras jroning tyas sworo slompret tumurun
Hanggugah wulangun mangayun ayun

Kemrisiking krepyak
Sampur kang sineblak
Rikmo ngandhan andhan
Nyongklang mbekso kepang
Sasat dewi kahyuangan nitih garudho
Maburo kusumo ing antarikso

Gadhung mlathi rinenggo mustakaniro
Tansah wicaksono anggone mulat saliro
Asesanti pujo puji nguri nguri budoyo kang edi peni
Mugyo tansah lestari ing bumi pertiwi

Gadhung melathi mring mustakaniro
Mantesi ketaman sunar sang suryo
Gadhung melathi mring mustakaniro
Mantesi ketaman sunar sang condro

Gadhung melathi mring mustakaniro
Mantesi ketaman sunar sang suryo
Gadhung melathi mring mustakaniro
Mantesi ketaman sunar sang condro
Mantesi ketaman sunar sang condro

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.