Lirik Lagu Bumi Reog Ponorogo - Dhalang Poer
Lawang agung al jamal pasebaningsun
Lair batin wis gambuh ing jiwaningsun
Warok waskitha amulat jagad gumulung
Pana awas andulu jagad gumelar
Gusti
Wis sampurna jiwa lan raga
Kukuh jatine manungsa
Bakuh bumi ponorogo
Eling elingo babad tanah ponorogo
Saka bantarangin prabu klono sewandono
Siswa kinasih ajar lawu kang waskita
Pecut samandiman ingkang kinarya pusaka
Jumeglar jumeglar kaya gora gurnita
Wektu lumaku candra wis gumanti warsa
Bumi ponorogo nglairke para satriya
Sri batoro katong myang warok suromenggolo
Ronggo warsito ing tegalsari suwita
Sentosa sentosa kukuh bumi ponorogo
Tan teluk maring sasama
Tan bedhah ing parang muka
Saiyek saeka praya
Manunggal gusti kawula
Merdika merdika jaya bumi ponorogo