Lirik Lagu Satrio Terate - Rindi Safira
Mangesti mangastuti marem
Ono ing rino lawan wengi
Dimen ati kroso marem
Dadio manungso kang sejati
Winastan satrio pilih tanding
Sinawang koyo tirtone wening
Hanjunjung roso sedulurane
Tego lorone ora tego patine
Wong kang suci adoh beboyo pati
Linambaran tulus jeroning ati
Ojo dadi sing rumongso biso
Nanging dadio sing biso rumongso
Tan ginambar kembange tetate
Biso urip ono ing ngendi wae
Dadi kawulo amung sak dermo
Mobah mosik kersane hyang sukmo