Lirik Lagu Podang Kuning
Lirik Ny. Ninik Kasihati - Podang Kuning
Judul Lagu : Podang Kuning
Penyanyi : Ny. Ninik Kasihati
Ciptaan : Dhalang Darno
Genre : Langgam Campursari
Lirik Podang Kuning
Esuk awan ning omah wis ora krasan
Keluyuran anggoleki seng tak sayang
Mubeng mubeng mider anggonku mideri
Ora kroso esuk awan nganti bengi
Eman eman yen nganti liyo kang nyayang
kleyang kleyang tak sawang mencok ning epang
Gegancangan tak rindik soko kadoan
Sarwi ngoceh deweke ngalih pencokan
E-la kae tak suwun mbok ojo ngece
Podang kuning agawe pikirku koming
Seret ireng tak sawang tambah manise
Ibo bungah yen klakon nyandhing slirane
Ora bakal atiku kegiwang liyan
Yen si podang andudut ati kepranan
Ora mendho atiku sansoyo ndodro
Tak sranani sun pikat pulute bendho