Lirik Lagu Nahkodo Samudraning Keluwargo - Bardolo Feat Sasya Arkhisna
Nimas pramesti jejantunge rogo iki
Yekti mung sliramu kang dadi manike kalbu
Matur suwun gusti pun maringi widodari
Kang ayu rupane tanpo cacat tanpo ciri
Duh nahkodo samudraning keluwargo
Mugo tresno iki koyo mimi lan mintuno
Kang kebak kabagyan urip sesandingan
Tetep ngadek jejek senadjan gedene pacoban
Senadjan rambutmu malih koyo kembang jambu
Tresno iki ora bakal layu
Duh gusti kang kuwoso paringono kasembadan
Tansah atut runtut reruntungan
Sineksen baskoro mijil ing gagad rahino
Katresnanku tekan oncate nyowo
#Credits:
Judul : Nahkodo Samudraning Keluwargo
Voc : Bardolo ft. Sasya Arkhisna
Cipt : Andik Sugiono
Arr : AMP Music