Lirik Lagu Kawitaning Sinawang - Setyo Puji

Kawitan sinawange pasuryan
Tansah ginambar ing semune awang
Katon endah solah slagane
Karereng wredhu bawane

Duh nimas tan kendhat ku ngalembono
Batin jroning tyas hangidung tresno
Yen sinawang gebyaring kahanan
Biso anut mbungahne angenan

Lintang ing tawang kadyo netramu
Padange mbulan nggambarne esemmu
Sumilire angin nggowo tresno
Jenengmu kang katut kagowo

Duh nimas tan kendhat ku ngalembono
Batin jroning tyas hangidung tresno
Yen sinawang gebyaring kahanan
Biso anut mbungahne angenan

Lintang ing tawang kadyo netramu
Padange mbulan nggambarne esemmu
Sumilire angin nggowo tresno
Jenengmu kang katut kagowo

Koyo ngene yen nandhang loro asmoro
Jroning nolo mangambar arum puspito
Dahat rasaku sesandhing marang sliramu
Dyah ayu memanike jantungku

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.