Lirik Lagu Tinatu - Woro Endah

Endah manis sinawang
Esemmu lir madu
Ginambaring tawang
Senadyan mung semu
Mbungahne atiku

Angen biso sesandingan
Ngukir cerito katresnan
Nanging sewates angenan
Sliramu sumanding marang liyan
Ninggal roso tanpo pungkasan

Hoo oo oo

Reff:

Kasunyataning roso
Kabendung ing dodo
Kuciwaning tresno
Tinatu ing nolo

Tanpo sworo ngudar tali asmoro
Kadyo lebu kagowo maruto

#Credits:

Judul : Tinatu
Voc : Woro Endah
Cipt : Bintang SE
Arr : Jandut Everywhere

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.