Lirik Lagu Ginaris - Akbar Handoko

Tak eling eling rikala semana
Ing kutha kang kebak crita
Tak angen angen saben wengi
Agawe kangening ati

Ayu manis kang kadya widodari
Yaiku sliramu yayi
Upayaku bisa pundut krami
Nanging kodrat ra bisa nyelak i

Ilang aku wis kelangan
Nyata ndika sing tak eman eman
Getun ati iki rasa getun
Tumetes eluhku ra bisa kabendhung

Yen pancen gusti pun paring pesthi
Abote sepira kudu tak lakoni
Senadyan nggrantes jroning ati
Aku pasrah pamit undur diri

#Credits:

Judul : Ginaris
Voc : Akbar Handoko
Cipt : Akbar Handoko & Yogi Kurniawan
Arr : Restu Alfi

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.