Lirik Lagu Bromo Ninggal Janji - Ilfi Bulqis

Endahe kemerlip lintang
Sing duwur ning awang awang
Ning sayange aku mung biso nyawang

Duh endahe wengi iki
Rembulan setyo ngancani
Eleng marang janji naliko kui

Sumilire angin wengi
Seng biyen ngelus rambutku
Ning sayange kowe ora ono ning sandingku
Gawe gelo atiku

Aku kang tulus lan tresno
Ngugemi tuluse roso
Roso tresno ono sak jerone dodo

Jenengmu biyen tak tulis ono uwite cemoro
Ora ilang biyen nganti ganti mongso
Dadi seksine tresno

Pucuke cemoro seng ono lerenge bromo
Kangen pengen krungu tembang tembang tresno
Kae mego mendung tansah setyo dadi payung
Payunge ati kang lagi nandang wuyung

#Credits:

Judul : Bromo Ninggal Janji
Voc : Ilfi Bulqis
Cipt : Susanti SBR Pro
Arr : AMP Music

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.