Lirik Lagu Blitar Banyuwangi - Jesica Cristy

Sumirat kuning suminar
Suryo wanci sore ing terminal blitar
Koyo koyo nguntapake
Budalku karo kowe menyang banyuwangi

Gremet gremet miyak dalan
Bis harapan baru mlaku alon alon
Gumrengenge suoro mesin
Soyo keprungu banter ngajak rerikatan

Ing pundakmu aku senden
Atis titis rasaning tyas
Ing sak dalan dalan kowe
Mung ngelus elus rambutku

Alas pareden kumintir
Minongko seksine lakonku lan kowe
Angete roso tresnamu
Soyo kroso naliko kok aras pipiku

#Credits:

Judul : Blitar Banyuwangi
Voc : Jesica Cristy
Cipt : Anang Cungkrink
Arr : Laras Jawa

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.