Lirik Lagu Arum - Sulis Eva
Rungokno tembang iki
Tak tulis mujng kanggo sliramu
Rungokno tangis iki
Ngempet kangen rung iso ketemu
Tembang kidung asmara
Ngrembaka tuwuh sak jroning ati
Linali saya malela
Nggoda rasa ati iki
Reff:
Kaya kembang kang lagi mekar
Arum semerbak gandhane
Kaya bulan kang sumunar
Kang madhangi bumine
Ra beda kaya tresnaku
Tulus mring sliramu
Wong bagus kembange ati
Rungokno tembang iki
Yen wis dadi siji
Mesthi bakal tak tresnani
Ra bakal tak culke
Bakal tak jaga nganti selawase
#Credits:
Judul : Arum
Voc : Sulis Eva
Cipt : Sulis Eva
Arr : Indrawan