Lirik Lagu Pepujaning Atiku - MzBondan
Ginambar aruming puspita
Arum kembang kang nyirna
Sewu lara branta
Duh sira pepujan nira
Setya tuwuh ra kuwawa
Muga sira ora paring lara
Nyawang rembulan kang padang
Kaya dene esemu kang endah sinawang
Ngibarat kembang melati
Tresnaku kang tulus suci
Lintang telu kang melu nyekseni
Reff:
Ngibarat gegayuh lintang
Aku wus klakon klaksanan
Bungahku nganti koyo wong kedanan
Gandrung aku gandrung
Nggandrungi parasmu
Esem guyumu hangleledang
Mring pikirku
Sumunar cahya netramu
Hagawe kangen atiku
Mangka sira pepujaning atiku
Duh wong ayu jejimating atiku
#Credits:
Judul : Pepujaning Atiku
Voc : Panggih Bondan
Cipt : Panggih Bhondan
Arr : Faizz