Lirik Lagu Kadung Tresno - Jesica Cristy
Lamat wus katon tejane
Yen mbombrong katon mencorong
Aduh ...
Wiragane sinawang tan amboseni
Yen mbesengut wimbuh patut
Nyoto jatmiko mrak ati
Aduh ...
Lestariyo tan lilo pisah sak rikmo
Nadyan bebasane
Kalingan godhong sak lembar
Kangmas ...
Koyo wus koncatan roso sengseming atiku
Pacak'ane sarwo asri
Jro batinku tansah kuat
Kangmas ...
Wus lumeyan amung kangmas paraningsih
#Credits:
Judul : Kadung Tresno
Voc : Jesica Cristy
Cipt : Ki Narto Sabdo
Arr : Laras Jawa