Lirik Lagu Pak'e - Nopek Novian

Duh cepete urip ning ndunyo
Wong tuo soyo tuo
Ditinggal lungo
Pas mulih wis ra iso moco
Nonton tv mek suworo

Mbiyen sekolah mbok terke numpak jengki
Esemmu kesebar kabeh ning mbumi
Pas netromu isih padang jingglang
Ra tau leren golek sandang pangan

Bapak tulung rungokno pesene anakmu iki
Wes rasah kerjo aku siap nyukupi
Goleko senengmu nikmatono tuomu
Tulung warisono welas asihmu

Mbiyen sekolah mbok terke numpak jengki
Esemmu kesebar kabeh ning mbumi
Pas netromu isih padang jingglang
Ra tau leren golek sandang pangan

Tangismu naliko emak lungo keroso
Tondo roso setyomu awet tekan tuo
Bisikmu ning emak naliko ngikhlasno
Netes eluhmu keronto ronto

Bapak matursuwun sampun berjuang
Kabeh dinggo anak tersayang
Bapak matursuwun sampun nyukupi
Lan dadi cagak keluarga niki

Duh cepete urip ning ndunyo
Wong tuo soyo tuo

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.