Lirik Lagu Lintang (Sepisan Maneh) - Adi Waluyo Feat Rema Siama
Rembulan wengi iki
Koyo koyo nagih janji
Pancen durung kebukti
Nanging ora tak blenjani
Aku isih usaha
Sak kuate aku biso
Sayang
Aku njaluk ngapuro
Ademe angin wengi
Sumilir dadi saksi
Netes eluh neng pipi
Tondo nelongso neng ati
Opo aku kudu kalah
Opo aku kudu pasrah
Sayang
Aku wes ra betah
Kuatno atimu
Sabaro sayangku
Aku yakin iki mung masalah waktu
Jane aku wegah
Rasane kepingin nyerah
Tapi sing wingi wingi
Gusti mesti nulungi
Sepisan maneh sayang
Aku lan kowe gegandengan tangan
Bareng bareng berjuang sayang
Ngadepi dalan sing ora gampang
Senajan peteng langite
Kudu tambah seret genggemane
Mugi ono pepadang lintang
Gusti sing bakal paring menang
#Music
Sepisan maneh sayang
Aku lan kowe gegandengan tangan
Bareng bareng berjuang sayang
Ngadepi dalan sing ora gampang
Senajan peteng langite
Kudu tambah seret genggemane
Mugi ono pepadang lintang
Gusti sing bakal paring menang
Mugi ono pepadang lintang
Gusti sing bakal paring menang