Lirik Lagu Tugu Bintang Jatisrono - Axl Digital Studio
Koyo lagi telung ndino
Nggonmu lungo ninggal aku
Isih kroso jroning dodo
Perih loroning atiku
Neng terminal jatisrono
Ing pojokan ngisor waru
Kowe ngucap janji tresno
Ora bakal ninggal aku
Tugu bintang dadi seksi
Aku kang tansah ngenteni
Candi pesing ugo ngerti
Gede roso katresnanku
Ono siji tak rumati
Sabendino tak sawangi
Ali ali neng drijiku
Tondo tresnomu mring aku
Sak umpomo tugu iki
Biso nulis crito iki
Bebasan dadi prasasti
Aku kang setyo tuhu
Mugo gusti minangkani
Sing dadi panyuwunku
Senadyan sakedeping gandri
Aku pingin ketemu