Lirik Lagu Pacare Sak Kandang - Intan Chacha
Ndul gondal gandul gondal gandul
Gondal gondal gandul
Mbok ojo di gawe nggondal nggandul tresnaku iki
Yen pancene setyo jo seneng sujono
Ketoke kok anteng pacare kok limo
Ndul gondal gandul gondal gandul
Gondal gondal gandul
Mbok ojo di gawe nggondal nggandul tresnaku iki
Mbok seng iso setyo ojo neko neko
Kono kene jane golek seng koyo ngopo
Nandur keniker keniker keniker
Neng pinggir dalan
Tiwas mikir kok ra tenanan
Aku emoh yen mung di nggo ampiran
Kadung tak gugu
Liyane kok sayang sayang
Kok jare beras jarene beras ketan
Jarene beras ketan
Kowe tak gagas kok ra tenanan
Aku emoh yen mung di nggo selingan
Kandamu tresno ning pacarmu sak kandang