Lirik Lagu Jemparing Asmoro - Axl Digital Studio
Handiko pindho satrio
Netro pindho diwangkoro
Gagah kadyo gathutkoco
Alus boso pangandiko
Datan nyono datan ngiro
Jumeneng ing sak ngajeng kulo
Gemeter raos ing dodo
Bingung manah batin kulo
Ndiko tedak ngasto kalpiko
Dumadak nyandak tanjuk kulo
Lingsem datan biso suwolo
Kadyo keno jemparing asmoro
Cumloroting jemparing asmoro
Pener tumebo sak tengahing dodo
Datan biso kulo mlayu endo
Kapilut dening talining asmoro
Wiso tresno jemparing asmoro
Katiasaning sakti mondroguno
Datan ono biso paring tombo
Hamung siji panjenengan ndiko