Lirik Lagu Cidro Tresno - Arya Satria Feat Intan Mandasari

Umpomo biyen sliramu
Ra gawe gelo atiku
Tresnaku ra bakal luntur
Marang sliramu

Duh kangmas nyuwun ngapuro
Wes gawe gelo atimu
Nanging siji panyuwunku
Ora luntur katresnanmu

Umpomo biyen sliramu
Ra nyidrani katresnanku
Tresnoku ra bakal cidro
Marang sliramu

Duh kangmas nyuwun ngapuro
Wes gawe cidro tresnamu
Pancen kabeh wes salahku
Aku pasrah marang sliramu

Senajan atiku
Isih kuciwo
Ora tego nyawang
Uripmu soro

Duh kangmas aku
Pancen gawe gelo
Mugo sliramu
Paring pangapuro

Senajan atiku isih gelo
Marang sliramu
Aku isih tresno

Gede pangapuromu
Bakal tak jogo
Aku ora bakal gawe kuciwo

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.