Lirik Lagu Mbekas - Ririn Dwi Aryanti
Opo kurang suwe gonku ngenteni
Sliramu sing jarene bakal bali
Rino wengi anggonku dongakne
Ra ngiro yen akhire mbok tinggalne
Abot tenan lelakone uripku
Opo pancen iki wis dalanku
Pamit leren nenangno pikiran
Tapi kenyataane menggok dalan
Kowe ra ngrumangsani
Sing mbok ucapke kabeh ngapusi
Janji janji ra arep mbok blenjani
Gawe loro ati sing gemati
Aku kudu lilo
Senajan awakmu milih wong liyo
Aku sadar diri aku sopo
Tak kuat kuatno
Aku pasrah aku nrimo
Yen bubar yo bubar
Aku tak nyubo sabar
Kudu nerimo yen sliramu lungo
Yen ngalah wis ngalah
Aku pancen salah
Semoga lelahku menjadi lilah
Abot tenan lelakone uripku
Opo pancen iki wis dalanku
Pamit leren nenangno pikiran
Tapi kenyataane menggok dalan
Sepurane kangmas
Matursuwun ro kabeh perjuanganmu
Aku sadar diri aku wis nglarani
Aku pamit lungo pengen mulyo
Aku kudu lilo
Senajan awakmu milih wong liyo
Aku sadar diri aku sopo
Tak kuat kuatno
Aku pasrah aku nrimo
Yen bubar yo bubar aku tak nyubo sabar
Kudu nerimo yen sliramu lungo
Yen ngalah wis ngalah aku pancen salah
Semoga lelahku menjadi lilah