Lirik Lagu Dalan Simpangan - Gebe
Miyat dalan simpang iki
Utah kangene ati
Naliko ndaru cumlerap
Aku tansah nunggu kabarmu
Opo sih ono roso sayang
Sing kok simpen neng atimu
Onokah titipan rindu
Nggo ngancani sepi wengiku
Opo isih ono siso kenangan
Pasir putih ombak pantai pidakan
Janji tresno sehidup semati
Tan pisah nganti sak bedahing bumi
Soroting mripatmu kebak katresnan
Miyat dalan simpang iki
Eluhku mbrebes mili
Tresno kapugut ing tepining laut
Lebur sinabur ombak samudro kidul
Dalan simpangan sing dadi kenangan
Tresno pisanan sing kebak kabagian
Sumembur ombak neng segoro pidakan
Nganti puputing jaman aku tetep kelingan