Lirik Lagu Lali Sedhulur - Nogling S


Nogling S - Lali Sedhulur


Title : Lali Sedhulur
Songwriter : Nogling S
Artist : Nogling S
Genre : Dangdut
Album : Tembang Cinta Dandut Koplo
Label : Rajawali Musik

Lirik Lali Sedhulur


Biyen tak belani tak junjung tak pikul dhuwur
Loro tak kancani ben kowe biso misuwur
Dudu sanak kadang nanging tak anggep sedulur
Saiki wis kondhang lali konco lali dulur

Putih sing tak sawang jebul mripatku sing lamur
Kowe sing tak sayang jebule kok malah nyingkur
Rembulan tak gadhang nanging ketutupan mendhung
Nandur kabecikan ning kok bales karo penthung

Sing tak tandur pari sing thukul sukete teki
Sing tak puji puji jebul kok nglarakke ati
Durung garing lambe anggonmu ngucapke janji
Wis ilang dalane kowe banjur nyulayani

Ature wong tuwo jok seneng nyidrani janji
Manungso bakale ngundhuh awohe pakerti
Senadyan saiki uripmu mulyo lan mukti
Ing tembe mburine getunmu kepati pati

Biyen tak belani tak junjung tak pikul dhuwur
Loro tak kancani ben kowe biso misuwur
Dudu sanak kadang, nanging tak anggep sedulur
Saiki wis kondhang lali konco lali dulur

Sing tak tandur pari sing thukul sukete teki
Sing tak puji puji jebul kok nglarakke ati
Durung garing lambe anggonmu ngucapke janji
wis ilang dalane kowe banjur nyulayani

Ature wong tuwo jok seneng nyidrani janji
Manungso bakale ngundhuh awohe pakerti
Senadyan saiki uripmu mulyo lan mukti
Ing tembe mburine getunmu kepati pati
Ing tembe mburine getunmu kepati pati

Baca Juga : Lirik Lagu Vivi Rosalita - Salah Pergaulan

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.