Lirik Lagu Karang Kates
Judul Lagu : Karang Kates Ninggal Tresno
Ciptaan : Jhitul
Penyanyi : Jhitul & Contring
Genre : Langen Tayub
Lirik Karang Kates Ninggal Tresno
Karang kates bendungan wewengkon Malang
Kinclong kinclong banyune nggugah kenangan
Saben liwat tumuju ing brang wetan
Luh tumetes atiku tratapan
Lenggah jejer sun elus elus rikmane
Koran lawas pinongko dadi kasure
Catur netro nglaras tembang asmoro
Sumilire angin nggugah roso
Mbok yo eling Karang kates
Ning saiki kowe ora ngrewes
Karang kates ninggal tresno
Aku kowe nate sumpah prasetyo
Ilang muspro saiki ono ing ngendi
Tanpo pamit tego nyulayani janji
Sworo ati mung tansah angenteni
Karang kates ninggal tresno kang sejati