Lirik Lagu Sopo Wonge


Judul Lagu : Sopo Wonge
Ciptaan : -
Penyanyi : Wulandari
Genre : Langgam Campursari

Lirik Sopo Wonge


"Bowo"

"Kembang kembang
Kumambang waspo kumijil
Pasrah kang Kuoso
Nrimo panduming tumadi
Timbang handedowo loro"

Sopo wonge nora bingung duh aduh biyung
Yen nyawang solah bawane
Rino wengi angreridu atiku
Kang tansah dadi impenku

Sopo wonge sopo wonge duh lae lae
Nora kesengsem atine
Priyo bagus kang prasojo solahe
Katon luhur bebudine

Dasar alus yen ngendiko
Pancen wasis gawe lelewo
Yen munggu wanito mergo mring asmoro
Gumrebut rebut rebuting ngarso

Ibo kuciwo atiku duh aduh biyung
Koyo koyo tanpo guno
Uripku ning alam ndunyo duh nyowo
Mugi mugi pimunduto

INTRO

Dasar alus yen ngendiko
Pancen wasis gawe lelewo
Yen munggu wanito mergo mring asmoro
Gumrebut rebut rebuting ngarso

Ibo kuciwo atiku duh aduh biyung
Koyo koyo tanpo guno
Uripku ning alam ndunyo duh nyowo
Mugi mugi pimunduto

Lorok™Saya hoby mengisi waktu luang dengan ngeblog. Situs saya diantaranya : loroktm.com situs dengan konten electronic dan seputaran Pacitan. bestliriklagu.com situs dengan konten kumpulan lirik lagu terbaru dan terbaik.