Lirik Lagu Pacul Gede - Didi Sanjaya
Angin kumbang
Grigis ning tengah wengi
Kanggo gugah wong tangi sing turue lali
Pedomane pacul gede
Wong tani kon pada solot menggawe
Supaya seneng uripe
Gusti
Wong tanie siji janjine bukti
Pacul gede minangka kang dadi saksi
Tani wong tani
Urip sugih beras pari
Dadi wong sugih
Mbari bisa lunga kaji
#Intro
Lamon pengen urip dadi wong tani
Wong tua dongeng wong enom kudu nuruti
Lamon wong tani panene pengen dadi
Bengi tangi zikir ngaji ora kari
Esuk tangi bareng mangkat ning sawah
Durung kerja ngopi ning galenge sawah
Sing waspada lamon lagi pada kerja
Bari dedonga muga muga olih barokah
Reff:
Mekaya mati matian
Luru dalane ning pangan
Supaya anak rabi aja kekurangan
Mangkat esuk balik sore
Sing penting seneng uripe
Balik ning umah leleson gelaran klasa
Kita wong tani hasile pasti bukti
Pacul gede minangka kang dadi saksi