Lirik Lagu Ngajeni - Cantika Nuswantoro Adella
Ora ono seng ngalahke sugihe wong nrimo
Bondo iso sudo pangkat iso lungo
Sejatine menungso kui kabeh podo
Ananging dalan lakune seng bedo
Wes wayahe noto polah
Ben tumindak ora salah
Wes wayahe noto ilat
Ngendiko ben ra kualat
Sejatine awak dewe urip menggur mampir ngombe
Ojo ngasi kegodho mergo dhumehe
Dadi uwong ojo nyepeleke
Mengko bakal ono akibate
Urip ning donya awak dewe wayange
Gusti dalange
Dadi uwong ngajeni lan niteni
Bakale kabeh kenyataan sek mbiji
Ora perlu macak gengsi
Tetep ilmu padi
Music
Wes wayahe noto polah
Ben tumindak ora salah
Wes wayahe noto ilat
Ngendiko ben ra kualat
Sejatine awak dewe urip menggur mampir ngombe
Ojo ngasi kegodho mergo dhumehe
Dadi uwong ojo nyepeleke
Mengko bakal ono akibate
Urip ning donya awak dewe wayange
Gusti dalange
Dadi uwong ngajeni lan niteni
Bakale kabeh kenyataan sek mbiji
Ora perlu macak gengsi
Tetep ilmu padi