Lirik Lagu Mas Deka - Kapeksa Sirna
Sakwuse udan teko ing wanci dalu
Mbarengi cahya mbulan kang madangi wengiku
Sing pingin nggayuh sliramu
Amung biso tak impi impi
Amergo wus mblenjani janji
Tan bakal biso nyawiji
Keroso sepi sakwuse sliramu lungo
Kuciwo nanging amung biso mekso nerimo
Yen sinawang adoh seko ing netro
Yen sumandhing tan bakal biso
Kadya tila ana ing tirta
Tan bakal bisa katon nyata
Yen kelingan mring mongso kembang teko
Tansah nuwuhake roso
Ning saiki amung biso nyimpen kenangan
Kang wus dadi angen angen
Tumetes ing mripatku yen enget parasmu
Agawe loro sakjroning kalbu
Gusti tulung sirnakno roso kang tumancep ing dodo
Amrih biso legowo
Music
Keroso sepi sakwuse sliramu lungo
Kuciwo nanging amung biso mekso nerimo
Yen sinawang adoh seko ing netro
Yen sumandhing tan bakal biso
Kadya tila ana ing tirta
Tan bakal bisa katon nyata
Yen kelingan mring mongso kembang teko
Tansah nuwuhake roso
Ning saiki amung biso nyimpen kenangan
Kang wus dadi angen angen
Tumetes ing mripatku yen enget parasmu
Agawe loro sakjroning kalbu
Gusti tulung sirnakno roso kang tumancep ing dodo
Amrih biso legowo
Mugo bisa sirna
Roso kang jangget ing nala